Sabtu, 15 Oktober 2011

11-11-11 [Sewelas - Sewelas - Sewelas]


11-11-11, angka sing lumayan unik mbok..?

Trus apa sing de maksud karo angka 11-11-11..?


11-11-11, kuwé mbokan singkatan sekang tanggal, wulan lan taun penanggalan masehi. Yakuwé 11 November 2011.
Ora nana maksud kepriwé sekang jalaran angka2 kuwé lho kang, yu... lan sing plenting ya aja de gathuk-gathukna karo ramalan sing "ora genah" liyané. Apamaning koh de gathuk-gathukna karo kiamat 2012, heheheee...

Taun kiyé, yaiku taun 2011 sing nang njeroné ana 11-11-11, ndéané wong2 wis pada nyiapna acara "istimewa" gandhéng angka kuwé mau. Ana sing duwé karep mbojo (sing wis duwé aja mbojo maning), anamaning sing nganti "meksa", jéré kepéngin bisa nglairna bayiné wayah kuwé. Mendhing angger umur wetengané wis 8 utawa 9 wulan, lha angger égin umur 6-7 wulan? apa énggané arep de "caesar", heheheee...

Terus..??
Terus kepriwé karo rika kabéh..? Apa uga wis duwé rencana "istimewa" apora..? Apa-apaha kuwé, ya muga2 baé ndadékna berkah lan ora ana maksud sing "miring-miring" utawa sléntha, hehehee...


Uniké angka 111, angger umuré rika pada wong sedunya, detambahna karo taun lair, kuwé jumlahé dadi 111, jajal siy ngonoh...

Contoné:

Rika lair taun 60, artiné umuré rika siki wis ngambah 51. Angger 51 + 60, kuwé kasilé = 111. Gwéh iya mboook... Ningén kiyé berlaku kanggo sing lair sedurungé taun "Millenium", yaiku sedurungé taun 2000. Angger sing lair seuwisé taun 2000, umur + taun lair = 11. Pokoké, angka 11, 111 lan 11-11-11 agi dadi angka unik nang taum kiyé. Ning sepisan maning, miturut inyong kiyé anu mung kebeneran.. dadi aja de uthak-athik sing ora2 nggih lurr... :)

Lha angger angka 22-2-22, kiyé ya unik lur.. Kiyé hubungané karo muduné Al-Qur'an, yaiku 22Taun, 2Wulan, 22Dina.

Unik mbook..?! hehehee...


Maturnuwun,

7 komentar:

  1. test komenku mlebu ora kang..

    elvie

    BalasHapus
  2. hehehe.. monggo pak wied..di cek..

    http://annisakartikasari.blogspot.com/2011/12/its-looooooongggg-homework-from-dania.html

    BalasHapus
  3. apa kiye Kang Baldi sing nang Pesbuk ya ? Nyong njajal tilik sedulur lanang kiye

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ya ora keliru kang,,, bungah pisan loh de tiliki sedulur lanang... Kesuwun... :)

      Hapus