Senin, 15 November 2010

GEGURITAN WEDHUS GEMBEL

oleh: Fajar ‘Doyok’ Praptono


Langit biru wera tur padhang

Merga lamuk desapu silire angin

Ningen kenangapa selot suwe gremeng – gremeng

Banjur terus peteng ?

Sekang kadohan keprungu wong – wong

Lanang wadon bocah wong tuwa kaki lan nini

Padha mlayu pating mbesasat

Karo nggawa apa sing teyeng decandhak

Nyaut apa sing teyeng desaut

Lan nyamber apa sing teyeng desamber

Mlayu sipat kuping seporete

Motor trek becak pit grobag lan dhokar

Ngalor ngidul ngetan ngulon pating sliwer

Semrawut ora nggenah paran sing detuju

Mung merga wedi aring wedhus gembel

Sing agi nguwel ngamuk metu sekang kandhange

Watu kewan tanduran mbangkan umah lan apa baen

Sing ketrajang tumpes mati palastro

Astaghfirullah hal’adzim……..

O…….Allah Gusti…….

Dosa napa sing mpun sami delakoni ?

Dosane sinten ?

Deneng tiyang – tiyang sing sami tekun ngibadah

Sing sregep sodakoh lan eling Gusti Allah

Malahen kathah sing sami dadi korban lan tumbal ?

Sewetara wedhus gembel terus mulek

Saya nguwel ngglibed turut lidhigan desa

Ngingus – ingus grumbul lan nyaponi kampung – kampung

Nyamber ntrajang sing keliwatan

O……Allah Gusti………….

Niki lupute sinten ?

Siksa, kiamat, mala

Napa ganjaran, kaca benggala, utawa ngelingena ?

Pwt,02112010

*****

Tidak ada komentar:

Posting Komentar