Selasa, 16 November 2010

P A R I B A S A N

Pari basané Pantun, heheheee...


Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.

Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.

Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné

Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi

Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil

Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa

Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké

Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat

Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané

Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun

Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada

Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk - Marani bebaya

Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh

Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya

Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka

Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan

Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu

Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi

Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa

Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwo nemu ribed amarga polahe anak

Andhang andhang tetesing embun : Njagakake barang mung saolehe bae

Ancik ancik pucuking eri : Wong kang tansah sumelang yen kaluputan

Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kapinteran

Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh wong pinter

Bubuk oleh leng : Duwe niyat ala oleh dalan

Cebol nggayuh lintang : Duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon

Cecak nguntal empyak : Gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane

Cedhak celeng boloten : Cedhak karo wong ala njalari katut ala

Desa mawa cara,negara mawa tata : Saben panggonan duweni pengadatan dhewe dhewe

Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi sathithik nyuwun sing akeh

Dudu berase ditempurake : Nyambung guneme liyan nanging ora gathuk

Emprit ambuntut bedhug : Prakara sepele dadi gedhe

Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak ditambahi luwih kepenak maneh

Esuk dhele sore tempe : Ora manteban ati ( mencla mencle )

Gajah alingan suket teki : Lair karo batine beda banget,mesti bakal ketara

Golek uceng kelangan dheleg : Golek sathithik malah kelangan sing akeh

Gupak pulute ora mangan nangkane : Melu rekasane ora melu kepenake

Iwak klebu ing wuwu : Kena apus kanthi gampang banget

Idu didilat maneh : Njabel gunem sing wis kawetu

Jarit luwas ing sampiran : Wong duwe kapinteran nanging ora digunakake

Jati ketlusuban ruyung : Golongane wong becik kelebon wong ala

Jer basuki mawa beya : Kabeh gegayuhan butuh wragad

Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong tanpa bukti

Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana sing mbutuhake

Kebo nusu gudel : Wong tuwo njaluk wuruk wong enom

Keplok ora tombok : Melu seneng ora wragad

Kriwikan dadi grojogan : Prakara sepele dadi gedhe

Lahang koroban manis : Rupa bagus/ayu tur luhur budine

Lambe satumang kari samerang : Aweh pitutur bola bali ora digape

Legan golek momongan : Wong kepenak golek rekasa

Madu balung tanpa isi : Parapadu jalaran barang sepele

Mikul dhuwur mendhem jero : Njunjung drajade wong tuwa

Milih milih tebu oleh boleng : Jalaran kakehan pilihan wusanane oleh sing ala

Nabok nyilih tangan : Nindakake tumindak ala kanthi kongkonan

Nututi layangan pedhot : Ngupaya barang sepele sing wis ilang

Ngemut legining gula : Bareng kerasa kepenak lali asale

Nglungguhi klasa gumelar : Nemu kepenak tanpa melu rekasa

Othak athik didudut angel : Rembuge sajak kepenak bareng ditandangi jebule angel

Ora mambu enthong irus : Dudu sanak dudu kadang

Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe cawe babar pisan

Palang mangan tanduran : Dipercaya malah ngrusak

Pitik trondhol diumbar ing padaringan : Wong ala dipasrahi tunggu barang aji

Pupur sawise benjut : Ngati ngati sawise kebacut

Rawe rawe rantas malang malang putung : Kabeh sing ngalang ngalangi disingkirake

Rindik asu digitik : Dikongkon nglakoni gaweyan sing cocok karo karepe

Sedhakep ngawe ngawe : Mareni tumindak ala nanging isih kepingin tumindak maneh

Sembur sembur adas,siram siram bayem : Bisa kaleksanan jalaran pandungane wong akeh

Sumur lumaku tinimba : Nawakake ilmu supaya diangsu

Timun wungkuk jaga imbuh : Kanggo jagan yen ana kurange

Tinggal glanggang colong playu : Keplayu saka tanggung jawab

Tumbu oleh tutup : Wong kekancan sing cocok banget

Ula marani gepuk : Njarag marang bebaya

Ungak ungak pager arang : Ngisin ngisinke pokal gawene

Wis kebak sundukane : Wong sing akeh banget kaluputane

Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe katon njenggarong nanging mlarat

Yiyidan mungging rampadan : Wong durjana dadi alim

Yoga anyanggo yogi : Murid nirokake piwulange guru


Mbokan ana sing arep nambaih nggih mangga... :)

*****

Tidak ada komentar:

Posting Komentar