Senin, 19 April 2010

Padepokan Seni Budaya "BANYU BIRU PELANA"

Minggu 18 April 2010, Padepokan Seni Budaya "BANYU BIRU PELANA" Banyumas sukses menggelar acara : Calung-Lénggér Banyumasan, Lawak Banyumasan dan Musik Kreatif Banyumasan. Acara diselenggarakan di halaman Gedung Kementrian Pemuda dan Olahraga Republik Indonesia, Jl. Gerbang Pemuda ,Senayan ,Jakarta Selatan.
















Matur nuwun banget sekang sih katresnane sedulur2 kabeh. Pangapura ngger acara nang Kantor Menpora terkesan dadakan tur gedabigan. Mergane nyong ya mbebe dikabari Panitia c.q. Wayan Tirta (ana nang fb) dina Kemis bengi minggu wingi. Panitia kur nyediakna dana 4 juta, njaluke 2 jenis kesenian.

Lha, kebeneran, nyong karo Bujel Kaliki, Singgih Lagi Kapiran (ana nang fb) lan Pak Kuntarto cs agi gawe rantaman musik etnik Banyumasan inovatif. Mulane senajan danane cumpen ya ditampa baen, ngiras nggo njajal pentas nang event sing level nasional.

Merga dana cumpen kuwe mau, nyong pancen njur kewetu sambat maring kanca batir lan sedulur kabeh sing padha tresna lan rila.

Malah ujarku ngger dina Setu utawa mlm Minggu ana sing kepengin nanggap nang sawenehing acara, nyong sekanca siap pentas. Ning ngger ora nana sing nanggap, ya ora apa2. Rencana rombongan mangkat mlm Setu (ngger ana sing nanggap) utawa mlm Minggu.

Sedulur2 sutresna kabeh,
Nyong minangka wakile kanca2 jan banget bungah kanthi anane bantuan lan saran. Moga2 kabeh katresnan mau bisa ngraketna paseduluran lan olih ganjarang sing murwat sekang ngersane Gusti Allah.

Nyong sekanca ya ora bakal wegah upama ngesuk ngemben ana sedulura2 sing padha mbutuhna bantuan. Klungsu2 ari udhu, bau suku mesthi bakal tek konjukna tumrap panjenengan kabeh.

Khususe maring Kaki Dalang Jemblung, mawantu2 jan nyong minangka pribadi lan kabeh kanca sekang Banyumas ngaturaken gunging panuwun sing tanpa upama. Ya sekang katresnane Kaki Dalang Jemblung, kabeh sedulur dadi ngerti ruwet-rentenge nyong sekanca. Moga2 pasedulurane awake dhewek bisa sempulur ngasi kapan bae, diwarisaken gutul anak putu.

Njur maninge, nyong sekanca njaluk tulung diguyubi. Ngesuk dina Minggu, 18 April 2010 jam 10.00-11.00 mayuh padha kumpul nonton bareng nang halaman Kantor Menpora Jakarta ngiras temu kangen sedulur Banyumas. Nuwun.

Klilan
Salam

Yus Wong Banyumas
http://www.panginyongan.blogspot.com
http://www.banyubiru-traditionalart.co.cc

Tidak ada komentar:

Posting Komentar