Rabu, 14 April 2010

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

Unggah-ungguhing Basa Jawa kaperang udakara dadi limang (5) basa, yaiku:

1. Basa Kasar

2. Basa Ngoko :

a. Ngoko Lugu
b. Ngoko Andhap


3. Basa Madya :

a. Madya Ngoko
b. Madyantara
c. Madya Krama


4. Basa Krama :

a. Kramantara
b. Mudha Krama
c. Wredha Krama
d. Krama Inggil
e. Krama Desa


***

BASA KRAMA DESA

Basa Krama Desa yaiku basa krama sing digunaake dening para pawongan ing desa, tujuane pengin ngurmati sing diajak guneman. Dene wujude ana tembung krama kang dikramaake maneh, ana uga kang nganggo tembung krama inggil utawa malah nganggo basa kawi.

1. Ibu boten teng griya sek kesah dateng Bajul Kesupen.
2. Ing wanci ketigen mekaten, pesiten sami rowa.


***

BASA KEDHATON

Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu.

Conto :
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?


Ewone basa kedhaton liyane :

nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki

***

BASA KRAMA INGGIL

Basa Krama inggil yaiku basa kang tujuane kanggo ngajeni banget marang sing dijak guneman, meh padha karo Basa Mudha Krama.

Dene wujude ana owah-owahaning penyebut kayata :
- /-mu/ dadi /kagungan dalem/
- /aku/ dadi /abdi dalem kawula/, /abdi dalem/, /adalem/, /dalem/, /kawula/
- /kowe/ dadi /panjenengan dalem/ utawa /sampeyan dalem/ menawa marang Ratu

Conto :
1. Kagungan dalem menapa sampun dipun paringaken ?
2. Manapa arta menika saget dalem ampil langkung rumiyin ?
3. Kula wastani panjenegan dalem sampun tindak kantor.
4. Lan sak panunggalanipun.

***

BASA KRAMA

Basa Krama yaiku basa kang utamane dianggo kanggo ngajeni marang sing diajak guneman. Dene wujude bisa kaperang dadi 3, yaiku :

1. Basa Kramantara

Basa Kramantara yaiku basa kang wujude basa krama kang lugu. Dene kanggone tumrap sapadha-padha, utawa priyayi sing luwih dhuwur lan menang drajate karo sing diajak guneman.

Conto :
1. Mangga ta sami dipun penggalih langkung rumiyin.
2. Para Tamu sampun sami kondur sedaya.
3. Ibu nembe tindak pasar wekdal menika.
4. Lan sak piturutipun.


2. Basa Mudha Krama

Basa Mudha Krama yaiku basa kang wujude ngajeni sing diajak guneman biasane tumrap wong enom marang wong kang luwih tuwa, batur nyang bendarane sing dudu darah luhur, pegawe menyang pimpinane.

Conto :
1. Bapak dereng rawuh
2. Nuwun sewu, estunipun panjenengan badhe ngersaaken menapa ?


3. Basa Wredha Krama

Basa Wredha Krama yaiku wujude basa kang ngajeni antarane wong tuwa marang wong kang kapernah enom, lan bisa uga wong tuwa marang sepadha-padhane.

Conto :
1. Sampeyan apa wis dhahar ta nak.
2. Mangga katuran pinarak wong ketingale sampun sayah.


***

BASA MADYA

Basa Madya yaiku basa kang kaanggo ing antarane Basa Ngoko lan Basa Krama, dene wujude tembung Madya kang kaworan Ngoko lan Krama. Dene wujude bisa kaperang dadi 3, yaiku :

1. Madya Ngoko

Wujude Basa Madya Ngoko yaiku:
- Tembung Madya yaiku tembung kang duweni ater-ater lan panambang ngoko
- Tembung Ngoko
- Nyebut "dika" kanggo "kowe", "Samang" kanggo " sampeyan", lsp.

Dene lumrahe kanggo dening :
- Bakul padha bakul
- Priyayi marang andhahane atawa ngisorane

Conto :
1. Dika pun nedha dereng
2. radio niku samang napake ?

2. Madyantara

Wujude Basa Madyantara yaiku :
- Tembung madya kang ater-ater lan panambang ngoko
- Tembung Ngoko
- Katenger saka tembung "keng slira" kanggo "sampeyan",

Dene lumrahe kaanggo dening :
- Para priyayi sing wis kulina
- Bojone priyayi marang bojone
- Priyayi marang sedulure kang kapernah tuwa nanging luwih cendhek pangkat/drajate.

Conto :
1. Sampeyan ya sida tilik mrana ?
2. Sampeyan iki wis diaturi bola-bali ora mirengake.


3. Madya Krama

Wujude Basa Madya Krama yaiku :
- Tembung Madya kang ater-ater lan panambang ngoko.
- Nganggo tembung Krama lan Krama Inggil.
- Nganggo sebutan "sampeyan" kanggo ngarani "kowe"

Dene sing nganggo Basa Madya Krama iki biasane :
- Padha dene priyayine lan wis padha kulinane
- Bojon priyayi sing durung ngoko

Conto :
1. Sampeyan apa wis dhahar ta mas ?
2. Mugi Pangeran tansah memayungi tindak sampeyan.
3. Tak kira ya wis sare lho, tiwas aku ra mampir.


***

BASA NGOKO

Basa Ngoko yaiku basa kang dipigunakake tanpa kecampuran utawa bebarengan karo basa krama, dene wujude ana rong perangan :

1. Ngoko Lugu

Basa Ngoko Lugu yaiku basa kang dipigunakake tanpa kacampuran Tembung Krama babar pisan.
Basa iki biasane digunakake :
1. Marang sapadha-padha kang wis akrab lan sak barakan umure
2. Marang wong kang kapernah enom
3. Biasane digunakake dening bocah kang durung gaduk pamikirane.

Conto :
1. Aku mau pas lunga ketemu bapakmu.
2. Kowe wingi neng ngendi tak goleki kok ora ana.
3. Bu aku jaluk jajan meneh.
4. Lan sak panunggalane.

2. Ngoko Andhap

Basa Ngoko andhap yaiku basa ngoko kang kacampuran basa alus kang tujuane kanggo ngajeni sing diajak guneman.

Basa iki biasane dipigunakake :
1. Marang sak padha-padha ning kurang akrab
2. Marang wong enom ning luwih dhuwur drajate
3. Priyayi marang priyayi sing wis akrab
4. Bojone priyayi marang sing lanang.

Conto :
1. Mbok aku yen sempat melu dipundhutke ta
2. Penjenengan ya wis ngerti berita mau ?
3. Aku tak melu ya Pak, yen arep tindak mrana.
4. Lan sak panunggalane


***

BASA KASAR

Katelah Basa Kasar marga basa iki dipigunakake mligi dening wong kang lagi nesu, srengen, wong kang nembe padu, lan sak panunggalane.

Conto :
1. Bocah kok yen ditakoni cangkeme ora tau njeplak.
2. Kira-kira ki yen ra jegos, ya ra sah ditandhangi.
3. Wong yen uteke neng dhengkul, ...........
4. Lan sak piturute.

***