Rabu, 19 Mei 2010

Kanca minangka Warangka, Angélé...

ATI-ATI golek kanca. Ora kabeh bisa dadi kanca, ora kabeh pantes dikancani. Kepara ora sethithik sing malah perlu diwaspadani. Luwih-luwih ing jagad sing ngyakini ‘’ora ana kanca sing langgeng, sing langgeng mung kepentingane’’. Ana kurang begjane, dudu rowang sejati sing dientuki, nanging satru munggwing cangklakan.


Aja kumpul kebo gupak! Kuwi unen-unen sing kaprah. Tegese, aja kumpul utawa kekancan karo wong sing kulina tumindak ala. Srawung karo wong ala bisa marakake dadi melu-melu ala. Kosok baline, srawung karo wong apik bisa ketularan apike. Awor karo kebo, bisa-bisa kena gupakane, yen ora malah tlethonge.

Ana maneh sing kandha, golek kanca ing meja mangan kuwi luwih gampang. Karepe, luwih mayar golek kanca kanggo seneng-seneng tinimbang kanca sing bisa diajak bareng ngrasakake lara lapa utawa melu susah nalika kancane nandhang kesusahan. Sing ideal, mesthi wae kanca sing bisa melu ngrasakake seneng nalika sing dikancani seneng, nanging uga bisa ngrasakake susahe lan tuwuh rasa simpati sarta empatine nalika sing dikancani lagi nandhang dhuhkita.

Nyatane, ora kurang uga kanca sing angele ora mung nalika diajak susah, nanging uga angel diajak melu ngrasakake bungah utawa melu seneng. Ora sethithik kanca sing malah dadi ora seneng nalika sing dikancani nampa kanugrahan luwih onjo tinimbang sing ditampa. Rumangsa kungkulan, banjur thukul rasa merine. Saka rasa meri iku, banjur tuwuh sikap lan tumindak sing asipat destruktif.

Kuwi mau sing njalari banjur ana wae sing maune kanca kenthel, malik grembyang dadi mungsuh bebuyutan. Ana sing memungsuhane ora ngetarani, nanging ana uga sing olehe memungsuhan nganggo front terbuka. Malah merga wis padha kenale, merga wis tau padha rakete, luwih angel olehe ngudhari memungsuhan.

Seleksi Rowang

Pancen, sajroning bebrayan, wong urip butuh kanca. Kuwi minangka salah sijine saka guru kanggo njejegake ‘’khitah’’-e minangka makhluk sosial. Tanpa kanca, wong bakal kangelan mratelakake cipta-rasa-karsane, uga mujudake gegayuhane.

Mulane nalika mbabad Alas Tarik, ngedegake Majapait, Raden Wijaya mbutuhake kanca saakeh-akehe. Para panguwasa lokal, wiwit saka Ranggalawe Tuban, Lembu Sora, Kebo Anabrang, nganti tekan Nambi, kaimpun minangka kanca rowang; ngancani nalika babad alas, uga dadi saka guru adege Majapait minangka negara anyar.

Nanging ngimpun kanca semono akehe kanthi latar belakang lan tujuwan sing bisa uga maneka warna iku, pranyata ora gampang tumrap Wijaya lan mesthi wae tumrap tokoh liyane. Kanthi kanca rowang mau, pancen satriya sing disiya-siya dening rezim Jayakatwang mau kasil nyulap bumi Tarik dadi negara Majapait. Nanging bareng kabeh wis padha saiyeg saeka kapti ngedegake praja, siji mbaka siji saya katon afiliasine, saya cetha target-targete lan komitmene.

Sepisanan, katon banget nalika jumenengan patih amangkubumi Majapait. Mleset saka pangira-irane para saka guru, jebul Nambi sing dituding dening Wijaya minangka warangkane. Kamangka, yen ditandhingake karo saka guru liyane, Nambi durung apa-apa. Semono uga ing babagan gedhene labuh labet nalika Wijaya kudu ngadhepi mungsuh-mungsuhe.

Jumenengan patih amangkubumi pranyata dadi momen tumrap Wijaya kanggo nyeleksi, sapa temene kang pantes dianggep minangka kanca sejati, saliyane kudu nuhoni sesanti ‘’sabda brahmana ratu sepisan tan kena wola-wali’’. Tumrap Nambi dhewe, nampa pangkat anyar mau mujudake kanugrahan gedhe sing sadurunge ora kenyana-nyana. Mula sing ana ya mung gedhene rasa panarima sarta tekad kanggo nindakake jejibahan minangka patih kanthi satemen-temene.

Kosok baline Ranggalawe. Dheweke ora narimakake marang jumenengan mau, marang kawicaksanan sing netepake Nambi minangka pepatih amangkubumi. Tanpa tedheng aling-aling, ing sitinggil Majapait, Ranggalawe mblejeti sapa satemene Nambi. Ranggalawe uga ngkritik para saka guru sing bisane mung padha gedhek anthuk lan nggah-nggih tanpa wani matur apa anane marang raja Majapait. Kabeh dianggep mung golek slamete dhewe-dhewe.

Ranggalawe wis nuduhake sikape, sing tundhone marakake dheweke dianggep mbalela, mbeguguk ngutha waton, gajah mbradhat tanpa srati. Dening Anabrang, Sora dianggep minangka sratine Ranggalawe, mula banjur disraya ngendhakake Adipati Tuban iku.

Pranyata mbalelane Ranggalane dadi kayadene pambukane warana tumrap para saka guru liyane malik tingal saka Pabu Wijaya. Ora mung Ranggalawe, nanging uga banjur Sora lan kepara Nambi. Saka kanca rowang malih dadi mungsuh, saka dadi warangka malih dadi satru munggwing cangklakan!

Pancen, kanca sejati iku pindhane warangka tumrap curiga. Warangka kang apik tansah bisa rumeksa marang curiga, tansah kuwawa madhahi, satemah sing temene landhep ora katon landhepe lan nyilakani, sing mlengkung lan mawa luk ora ketara luk lan mlengkunge.

Nanging nyatane ora gampang. Tumrap Anglingdarma, Bathikmadrim ora mung kepernah sedulur, nanging uga kanca lara-lapa mula banjur kapilih minangka warangka, warangka dalem narendra Malawapati. Nyatane, sesambungan antarane ratu-patih iku ngalami pasang surut lan kebak intrik.

Banjur, yen ngono sapa sing bisa dadi mitra sejati, sapa bisa dadi kanca kang tansah ngerti marang sing dikancani, sing bisa dadi warangka tumrap curiga? Panakawan! Kuwi model sing ideal dhewe.

Ing jagad pewayangan, representasi panakawan iku ana ing jasad lan jiwane Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong tumrap ksatria bala Pandhawa —lumrahe Arjuna. Panakawan iku kebat ora nglancangi, dhuwur tan ngungkuli, apa maneh kok nyrimpungi lakune sing dikancane. Kepara jumurung laku: tutwuri andayani, dudu tutwuri anggondheli apa maneh anjegali. Asung pepadhang duk nalikane sing dikancani rumangsa peteng pikire, manehi panglipur nalika sing dikancani nandhang sungkawa. Uga bisa karyanak tyasing kanca. Mula uga disebut batur, sing kerata basane embat-embataning pitutur.

Nanging, sepisan maneh, pancen ora gampang nemokake kanca, apa maneh sing bisa didhaku minangka sedulur sinarawedi ñsaka tembung sinoroh wadi, tegese disorohake wadine. Luwih akeh sing mung bisa ngeler wadine kanca.

Mula, sing pinter olehe ngreksa kekancan. Kanca iku larang regane. Sawijining iklan rokok nyebutake ‘’teman sejati tak bisa dibeli’’. Nanging ‘’kanca dhewe’’ uga kerep dadi slogane para calon kampanye ing pemilihan kepungkur kanggo ngyakinake para calon pemilihe.

Satemene, golek kanca gampang. Sing luwih angel rumeksa marang kekancan. Lumantar face book, lumantar jagad maya, saiki sapa wae bisa golek kanca lan nyambung tali kekancan kapan wae kanthi jumlah tanpa winates. Nanging entuk lan ngreksa mitra sejati, kanca sing bisa lan gelem ngrangkani, angel setengah mati.

(Sucipto Hadi Purnomo/)

*****


Sumber: http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/04/27/407/Kanca-minangka-Warangka-Angele