Sabtu, 14 Agustus 2010

Bupati Pilihané Rakyat (kolom Ngapak)


Dening: Djoko Triwinarso, SE

Meh kabeh masyarakat Kabupaten Purbalingga wis pada ngerti angger tanggal 18 April 2010 dinane Minggu Manis arep ana pilihan Bupati utawane Ndara Kanjeng masa kerja tahun 2010 – 2015.

Sing dadi pitakonan ya kuwe apa masyarakat wis pada ngerti carane milih Pemimpin sing kira- kira bisa nggawa Purbalingga lewih maju maning tinimbang siki. Sebab Kabupaten Purbalingga masa tahun 2005 – 2010 sing dipimpin secara Dwi tunggal Drs. Triyono Budi Sasongko, Msi lan Drs. Heru Sujatmoko Msi bener –bener Purbalingga wis dideleng lan diakoni kemajuane nang Kabupaten tangga , regional lan Nasional. Akeh penghargaan sing tingkate Jawa Tengah Nasional lan malah internasional ( Investor asinge ).

Penulis ora arep melu sosialisasi Pilkada, sebab kuwe wis ana bagiane dewek, sebab penulis ngrumangsani angger wis ora mangsane ngomong kaya kuwe, nanging mung arep urun rembug priwe carane milih Bupati sing dadi pilihane rakyat. Sebab angger dideleng nang daerah tangga, ujare inyong Bupati esih anyar tur pilihan rakyat pisan, tapi kenang apa isine mung di kuya-kuya, karo didemo kon mudun.

Angger dipikir pancen mbingungi, sing salah Bupatine , tokohe masyarakat sing pada srekal apa masyarakate pancen wis kenang penyakit pokoke.

Nanging seurunge ngrembug kuwe, ora ana salahe mayu pada njajal mbayangaken maring jaman kuna, sejarah wis nyatet pirang pirang wong dadi pemimpin sing tahu kecatet nang sejarah lan kepriwe akhir critane.

1. Sejarah Indonesia wis nyatet ana Pemimpin sing mung ngendelaken otot utawane kedigdayaan, ya kuwe Ken Arok. Rajane Tunggul Ametung dipateni, bojone direbut, sing akhire terus ninggali dendam kesumat, paten pinaten nganti tekan turun pitu.

2. Pemimpin sing ngendelaken dunyane pirang- pirang, yakuwe Qorun. Sing kunci gudange bae digawa karo keledai 7 esih kaboten.

Rumangsane dunyane pirang- pirang mulane maring sapa bae ora gelem manut. Malah maring Nabi utawane Rosul utusane Gusti Allah bae ora manut. Mulane akhir critane Qorun se anak buahe diancuraken dening Gusti Allah swt.

3. Ana maning nang crita pewayangan sing nggo gambaran, ya kuwe Raja Duryudana sekang Ngastinapura, dadi pemimpin sebab nglomboni sedulure dewek. Basan Kerajaane dijaluk bali nang Pandawa Lima, akhire malah perang gede sing dijenengi Baratayuda, tiji ti beh ( mati siji mati kabeh )


Dadi intine milih Raja utawane pemimpin sing bakale dadi priyagung sing arep gawe aturan lan pranatan sing tujuane mensejahterakan rakyat kuwe pancen angel. Apa maning wis nang jamane demokrasi kaya siki. Kabeh wong bisa ngomong, kabeh wong bisa janji, sebab wong ngomong siki pancen bebas.

Nanging paling ora ya ana Pemimpin sing berhasil sing dadi anutan utawane conto. Padane nang Purbalingga ya kaya kepemimpinane Pak Triono ( mboten ngalem Pak, wong mpun pensiun masa arep diundakena eselon ), tingkat Nasional ya Pak Harto sing bisa nggawa masyarakat aman tentrem guyub rukun sejahtera ( ingkang sanes mboten usah protes, nyatane bisa 32 tahun mbok bukti hebat ! ), terus ana maning Pemimpin sing tingkate ora tanggung- tanggung ya kuwe Dunia sisan ora , sapa kira – kira ? ora nana liya ya kuwe Kepemimpinan Nabi Muhamad SAW. Jajal bayangaken, mung nang wektu kurang lewih 23 tahun bisa ngrubah masyarakat jahiliah ( masyarakat bodo ) dadi masyarakat sing MADANI ( sejahtera berdasarkan ahlak mulia ).

Apa kira- kira kuncine ? (mangga yth calon- calon Bupati sami nyonto, supayane mangke masyarakate dadose milih)

1. Syarate ya kudu Sidiq ( jujur ) ,

Pokoke jaman siki apa jaman kapan bae angger dadi pemimpin ora jujur, paling ya mung tahan pirang wulan ( akeh contone , nembe pirang wulan didemo, dihujat lan kon mudun mangkane wragade pirang-pirang )

2. Amanah ( bisa dipercaya )

Supayane bisa dipercaya mestine ya kudu dikenal nang masyarakat, bisane dikenal masyarakat ya sebab sering silahturahmi ( ora mung arep nyalon tok kenal karo wong ) kiye uga akeh contone jamane pilihan legislatif calon ramah kabeh, sing ora tahu ngguyu dadi sering ngguyu, sing ora tau ngendong dadi sering ngendong, tapi basa dadi kelalen karo inyong ( maaf nggih, niku teng negari astina )

3. Tabligh ( dakwah )

Artine sering ngajak masyarakat maring babagan kebagusan, lan prentah supayane masyarakat aja pada nglakoni larangane agama. Tapine ya kudu nyontoni disit, prentah kon aja pada mabuk, malah deweke senenge mabuk- mabukan. Prentah kon pada sholat pada ngaji, deweke malah ora tahu ngaji.

4. Fatonah ( pinter )

Kepinteran dadi kunci keberhasilan wong sing dadi pemimpin, utawane sapa bae sing kepengin berhasil nguasani ketrampilan. Buktine ayat sing temurun sepisanan ya kuwe Iqro (wacanen, sinaua siro kabeh, lan amati alam sekubenge)

Dadi intine dadi pemimpin pancen kudu tanggap ing sasmito marang kabeh sing nang sekubenge.

Banjur Purbalingga kepriwe, sing sedela maning arep pada milih pemimpin sing kaya ngapa ? Angger nuduhena calon inyong ora wani mbok disemprit Panwaslu.

Nanging angger masyarakat pengin Purbalingga maju lan terus maju, lan apa sing dadi dadi programe Pak Tri diterusena ya mangga dadi pemilih ya pemilih sing cerdas. (nang nduwur wis ana conto sifat-sifat pemimpin sing bisa nguasani dunia)

Dumateng calon Pemimpin ingkang bade majeng nyuwun sewu penulis namung nyuplik dasare sejarah lan Agama. Milo monggo sami ngyakinaken masyarakat, supados panjenengan pikantuk kapitadosan masyarakat lan dados Pemimpin teng Purbalingga dadi Raja sing adil lan wujudaken kemakmuran masyarakat Purbalingga .Amien. ***

Djoko Triwinarso, SE, Mantan Kabag Humas Setda, Pemerhati Sosial Kemasyarakatan.

*****


Sumber: http://banyumasnews.com/2010/03/15/bupati-pilihane-rakyat-kolom-ngapak/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar