Sabtu, 14 Agustus 2010

Dadi Lurah Pancén Ora Gampang

Berita metengé Menik wis kabéh wong ngerti. Wong sing ada ning pojok kidul butul pojok lor kabéh padha wis ngerti. Saben-saben ana wong padha pétan, padha takon-takon karo médhek-médhek penasaran, sapa jané sing metengi Menik. Tapi kabéh wong padha ora ngerti sapa sing pasti. Biyungé Menik bae ora ngerti apa maning wong liya. Tapi sing mesti diantara bocah lima termasuk Jano sing padha metengi Menik.

Metengé perawan désa kayak Menik pancén nembé baé kelakon ning désa Wadhaskelir. Meteng sedurungé ngijab tumrapé wong ndésa pancén ora pantes. Wong dukuh Kemukus pancén termasuk wong ‘abangan’ sing artiné maring nglakoni sarékat agama urung jero nemen. Nék diétung karo kalkulator, wong sing gelem sembahyang pancén ésih sepethit. Lewih akéh wong sing gelem padha buru blacan, nggarangan karo céléng go dipangan keluarga. Sing ngingu asu juga esih akéh.

Pancén sing akéh sing abangan nanging angger masalah keguyuban, wong Wadhaskelir aja ditakoni. Ramah-tamah, guyub-rukun wis dadi watekké wong dukuh Kemukus. Apik maring tangga teparo kuwé lewih diutamakna. Ora mung kuwé thok, kelakuwan jinah kuwé banget disengiti dening wong Dukuh Kemukus.

Mulané anggaer masalah meteng sedurungé ngijab, pinemuné wong Dukuh Kemukus pancén ésih arang. Arang sréndang malah. Mulané angger ana wong sing meteng sedurungé nikah mesthi bakalé dadi kembang lambé, terus mesthi olih piwales sekang pamong désa ning kono.. Termasuk kasus metengé si Menik.

Warta metengé si Menik wis krungu maring kupingé Lurahé. Lurahé olih lapuran sekang Pak Bau Sadu. Lurahé sing ning jero kantor banjur nyekel bathuk mertandhani mikir. Pitakonan sapa sing kudu tanggung jawab maring Menik uga ana ning pikirané Lurahé. Tumrap sebagai pemimpin wargané, wis tugas Lurah kudu golét pinemu sing bisa ngudhari kebundetan masalah mau. Tapi pancén, bundhetan sing dialami dening Menik pancén mbingungaken.

“Nék wis lahir anaké Menik siy wis madan lumayan artiné. Ana gambaran angger anaké Menik kuwé mirip karo sapa. Lha angger persis bulud kaya Jano ya berarti anaké Jano. Tapi ya ora mesthi juga ya” Lurahé takon maring awaké dhéwék, mikir dhéwék nang kantor desané.

Lurahé Jayamanggala pancén urung suwé dadi lurah. Asalé Jayamanggala mikir angger dadi lurah kuwé mesthiné kepénak. Sedurungé dadi lurah, Jayamenggala mikir kayané bangga, marem atiné angger diundang Pak Lurah deng wong liya. Jayamenggala sering mbayangna angger dadi lurah mesthi duwité akéh, sebabé akéh bantuan mudhun sekang pemerintah ndhuwur maring ndésa. Jebulé ora gampang kaya sing dibayangna. Bantuan sekang ndhuwur siki pancén wis mulai kenceng pengawasané. Kepéngin ngeleg duwit sepérak-rongpérak utawa serini baé kudu gawé laporan pertanggung jawaban. Mergané sewektu-wektu ana anak buahé KPK (Komisi Pemberantasan Korupsi) teka maring désa. Urung maning, siki akéh wong dadi wartawan, wah bisa lewih ramé maning desané.

Lagi mikir mbalékna utang sewektu nyalon lurah baé urung lunas. Bengkoké lurahé sing separo malah ésih manjleb go balékna utang sing akéh sewektu nyadhoni awaké njago lurah.

Malah siki kondangan labuh akéh. Wirang angger dadi lurah ora sregep kondangan maring wargané. Wis sregep kondangan baé seneng dadi omongan. Dadi lurah kuwé kudu njagani wargané supaya bisa ndeleng tumindak awaké apik terus. Kondangané lurah kuwé juga kudu beda karo pamong désa biasa. Angger lurah kondangané paling sethithik kudu Rp.20éwu. Angger ora, mesthi bar si Dadap bubar kondangan mesthi ana krungu kabar sekang pojok kidul désa butul lor pojok désa. Omongan lurahé kondangan mung Rp.5éwu. Jan mesthiné kaya kuwé. Padahal nék diétung sekang pilihan lurah Jayamenggala nembé enem wulan dadi lurah.

“Jebul nembé enem wulan dadi lurah, siki malah ketemu karo masalah sing gawé puyeng. Masalah wadonan, masalah Menik sing dimetengi wong ora genah” pikirané Jayamenggala ngomong sewektu dhéwéké lagi njagong ning pendhopo umah blabag sing anyar. Untung si Juminah, bojoné lurahé sering teka nglipur kesusahané lakiné. Pancén begja si Jayamenggala, Juminah pancén rupané ayu, manut tur gelem susah bareng urip karo Jayamenggala.

“Pancén Mas, dadi lurah ora gampang” Juminah nylemod nyambi ngladhéni segelas téh kroncong klangenané Jayamenggala. Pancén Juminah kaya wis langsung ngerti angger lurahé lagi mikir masalah metengé si Menik. Ngomongé si Juminah pancén nentremaken puyengé Lurahé. Apamaning angger Juminah ngguyu, wah Lurahé tambah adhem. Lesung pipiné Juminah pancén bisa madhangna peteng pikiran lurahé. Omongané Juminah sing mung lulusan MTs jebulé sering ngudhari bundhet masalahe bojoné. Mung siji thok sing siki urung bisa dilakoni Juminah, Mélu awéh duwit go nyaur njago lurahé Jaya Menggala. Tapi pancén nyaur utang kuwé kewajibané dhéwék Jayamenggala sing jago lurah ganu.

“Jum, angger kabéh wong wadon kaya ko tah. Kayané dunya ora mumeti ya Jum?”lurahé langsung ngomong maring Juminah sing nembé baé ngladhéni téh kroncong. Juminah sing mbatiri njagong ning jéjéré lurahé mung mésem karo takon.

“Kepriwé sih Mas” Juminah takon penasaran maring sing lanang. Wataké wong wadon pancén terus penasaran maring wong lanang sing dhemen gawé teka-teki.

“Tapi angger akéh bocah kaya Menik ya mbingungaké. Untung aku duwé ko. Séwu Menik kalah deng siji Juminah” omongané lurahé selot nambahi gawé penasaran Juminah. Akhiré lurahé nyritakna perkarané si Menik sing urung jelas meteng deng sapa maring bojoné.

“Jum, kira-kira jabang bayi sing ana neng wetengé Menik kuwé anaké sapa ya Jum. Mbok ko tah wong wadon lewih awas ndelengna wong wadon. Jéréné wong wadon kan naluri karo perasaané lewih landep tinimbang wong lanang. Mbok ko duwé pinemu sing apik aku diwéi ngerti” lurahé nambahi takon maring Juminah bojoné. Juminah sing dadi bojoné, domongi lurahé kaya kuwé tambah mongkog atiné. Awaké ngrasa kanggonggawé dadi bojo lurah Jayamenggala. Pancén dadi bojo lurah kudu bisa tukar pikir, tukar pikiran syukur tukang kawruh. Awaké ngrasa yén sekolahé karo mondhoké nggoné Kyai Lebé kanggonggawé. Dhéwéké sadar karo éling, pancén dadi bojo lurah kuwé udu mung ayu thok. Ayu thok pancén ora cukup.

Sedurung Juminah ngomong mangsuli pitakonané Jayamenggala sapa bapané jabang bayi ng wetengané Si Menik, krungu suwara adzan ning tajugé Kaki Reksa. Suwara adzané pancén jelas krungu. Suarané jelas suwarané kaki-kaki. Laguné gréal-gréol, tur nafasé ya cendhek-cendhek karo pedhot2. Sing sering krungu adzan ya mung Kaki Reksa sing umahé ning arep Tajug kaé. Padahal ning kono akéh bocah nom. Nanging wis suwé ora krungu bocah enom padha gelem adzan ning Tajuge Kaki Reksa.

Padahal jaman ganu ciliké Jayamenggala padha rebutan adzan karo batiré. Jayamenggala sering rebutan adzan Sanpura wektu cilik. Tapi siki ora ana bocah rebutan adzan. Anané siki bocah padha rebutan wadonan. Mulané ora gumun ana kasus kaya sing dilakoni si Menik. Pikirané Jayamenggala kebek jipek, ngundhung-ngundhung.

“Mas, sembahyang disit yuh. Wis wektuné asyar kiyéh” Juminah mbuyarna lamunané Jayamenggala.
“Iya Jum. Jum, siki jaman wis pancén édan ya Jum” Jaya menggala menyat sekang jagongan nyambi nggandhéng Juminah sing ngguyu mésem ngerténi bojoné sing dadi lurah mikirna perkarané si Menik.

“Mulané kudu padha éling Mas, Kon padha éling ayuh sembahyang dhisit. Nyembah maring Hyang akarya Jagat supaya padha éling. Perkara Menik meshtiné mengko toli ketemu dalan metuné” sepisan maning omongané Juminah gawé bombong Jayamenggala.

“Untung aku duwé bojo kaya ko ya Jum. Ngger aku duwé bojo kaya Menik. Jan kaya ngapa mumeté. Juminah pancén ora ayu thok, tapi pinter mbombongna karo madhangna pikirku” sepisan maning Jayamenggala ngrayu Juminah.

“Wis lah, olih nggombal. Gari wudhu koh ayuh maring mburi. Aja ngasi gepokan maning mengko batal ora sembahyang-sembahyang malah” Juminah ndhorong Jayamenggala sing arep kepéngin nggandheng terus tangané Juminah sing alus.

Seuwisé adzan, krungu maning suwara seraké Kaki Reksa lagi puji-pujian Ayun-Ayun Badan. Ora rampung-rampung. Wis dadi kebiasaan angger puji-pujiané Kaki Reksa kuwé dawa tur suwé. Tapi jebulé dawané puji-pujian ora njamin wong sing padha ditunggu sembahyang jamangah bareng akéh sing teka.
Pancén jaman édan!

Sewisé sembahyang Jayamenggala olih wangsit sekang Gusti Alloh. Sebagai Lurah, dhéwéké akhiré duwé rencana arep musyawarah karo pamong désa liyané. Musyawarah go ngrembug solusi masalahe sing dialami Menik. Aja ngasi kedadian sing dialami Menik kedadian maning.

*****


Sumber: http://banyumasnews.com/2010/07/07/dadi-lurah-pancen-ora-gampang/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar