Sabtu, 14 Agustus 2010

Regané Démokrasi

Dening: Bpk. Djoko Triwinarso, SE

Kabeh priyayi sing gawene mirasi berita TV utawane maca koran, kayane esih pada kelingan peristiwa nang lapangan Tian Nan Men RRC, gara- gara kepengin ngedegena demokrasi, korbane pemuda sing mati ora etungan.

Terus ana maning, Negara Irak dipaksa nang Negara Gede jere kon demokrasi, sing maune Negarane makmur, ayem tentrem, njur dadi Negara sing ancur lebur, nganti seprene malah dadi negara sing ora genah.

Ana maning nang negarane dewek, nalikane pemimpine ora kepilih dari Presiden, pengikute ngamuk, gedung- gedung pemerintah pada dibakar, kerugiane pira mbuh ora etungan.

Sing tingkate kabupten, nang salah sijine kabupaten nang Jawa Timur, ana calon Bupati sing ora kepilih njur dadi stress, sebabe jere apa- apane wis didol, utange esih pirang- pirang.

Kabeh mau conto sing nang ngarep kuwe sebab mung pada kepengin ngedegena ” Demokrasi ” sing mangsude kekuasaan nang tangane rakyat.

Angger dietung karo banda dunya, wis genah mesti korban nyawa ora bakal bisa dietung karo banda, utawane duwit. Njur sing dadi pitakonan ya kuwe jan-jane rega Demokrasi kuwe pira ?

Tapine kabeh ya ora kaya kuwe, ora kabeh demokrasi kudu ngetokena duwit sing akeh, sebab penulis duwe pengalaman sing bener kedadean, ya kuwe nang Desa Danasari Kecamatan Karangreja mbiyen ( sike melu Kecamatan Karangjambu). Sing dadi Lurah kuwe nyuwun sewune statuse penjaga Sekolah Dasar, umahe cilik. Kepilih masyarakat dudu se babe pada diwei duwit, tapi masyarakat pada ngerti angger wong mau senajan ora duwe tapi jujur, sregep silahturahmi, seneng mbantu wong liya karo ya pikirane madan lumayan manut ukurane masyarakat Desa.

Dadi kesimpulane jan-jane Regane Demokrasi kuwe diarani larang ya larang, diarani murah ya murah. Kuwe mau kabeh gumantung sapa sing kira- kira arep dijokena dadi pemimpin.

Angger sing kepengin dadi pemimpin kuwe wong sing carane ambisi banget biasane wong mau nganggo ” Aji Pokoke kudu dadi ” . Pokoke mbuh kepriwe ya kudu dadi. Lha kiye biasane di dadekena kesempatan nang wong- wong sing duwe maksud ora iklas ndukung sebab seneng maring kualitase tapi pamrihe mbok jere sapa bisa diarah duwite, dadine rega demokrasi larang.

Siki jajal dibandingena karo calon sing kaya tek contokena, ya calon sing pancen disenengi masyarakat, calon sing pancen seneng tulung ora angger ana pilihan tok, calon sing seneng silahturahmi, insya allah regane demokrasi ya murah.

Tapine kabeh – kabeh mau pancen mbutuhena wektu karo pengalaman sing ora sedela. Contone Presiden Suharto ujarku ya dipilih nang DPR ( mbiyen sing makili rakyat ) mimpin Indonesia kurang lewih 30 tahun, masyarakat pada ngrasakena kepenak, apa- apa jere murah, aman pegawean nggo masyarakat gampang.

Bareng ana sing kepengin dadi pemimpin bisa ngojok- ngojoki mahasiswa supayane milih pemimpin sing dipilih nang masyarakat, njur Pak Harto leren, apa Presiden sing dipilih masyarakat lewih apik ?

Tapine kabeh mau barang wis kebanjur Demokrasi pancen kudu mlaku, mung sing kudu dipikirena ya kuwe mbutuhena calon calon pemimpin sing bener- bener lahir batin, ” Siap menang tapi sisan gawe uga siap kalah ”. Dadine undur- undurane tetep masyarakate akur, aman dan ora pada wadan- wadanan. Utawane sing menang ya aja umuk, sing urung menang kudu legawa ngakoni kekalahane.

Angger ulih melu udu rembug, penulis kelingan pesene wong tuwa nang ndesa angger tes ana pilihan Lurah. ” Ya priwe- priwe picek dengkol ya kudu dikukup diraup”. Mangsude, sing kepilih karo botoh –botohe wis ora perlu mbedak – mbedakena kae mbiyen dudu pendukunge, lan liya- liyane.

Muga- muga Purbalingga sing seprana seprene pilihan Bupati, pilihan Presiden, pilihan Gubernur pilihan Legislatif aman, ya muga- muga pilihan Bupati karo Wakil Bupati periode 2010-2015 sing nembe kelakon ya muga-muga pinaringan berkahing Gusti Allah swt. Pinaringan aman lancar lan apa sing dadi programe bener- bener bisa dirasakena nang masyarakat kabeh. Amin.

*****


Sumber: http://banyumasnews.com/2010/05/28/regane-demokrasi/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar