Jumat, 06 Agustus 2010

GURITAN: “GENDERA GUDRAH GETIH”


oleh: EYANG SUNARDI
http://www.facebook.com/home.php?#!/profile.php?id=1706809139


Purwokerto, 25 Agustus 2009

Neng desané inyong ana wong tuwa jeneng nini Kasih, umuré watara wolung puluh punjul semendhing, rambut putih mumpluk, mlaku thuyuk-thuyuk, sing weruh ora nylinguk apa maning manthuk senajan gemiyén dadi kembang lambéné wong se-désa.

Tahun patang puluhpatan, akéh bujang, ora Jawa ora Jepang ngudang, ningén téyéngé mung nyawang ora kétang sepenginang ; tékadé Kasih, mélu berjuang, milih mélu mlebu palang abang.

Ora pilih kasih, Kasih kanti ati kang asih nulung pirang-pirang korban perang
ora wedi pélor, ora wedi getih, ora tau krasa kesel ora kober dandan, apa maning duwé gendakan.

Tahun sékétan, negarané wis merdéka, si Kasih balik ndésa lagi ngerti lamona rama biyungé wis ora nana depaténi Landa jalaran Kasih dadi mata-mata gerilya ; Kasih mung nlangsa... tumbal negara merdeka.

Tahun sewidakan, Kasih tetep ora mangan sekolahan,Kasih dadi buta aksara alias ora teyeng maca ora ngerti tur ora teyeng cara ndaftar legiun veteran, mulané Kasih ora olih pensiun apa maning tunjangan ; Oh... kasih... an...

photo: mung ilustrasi

Dina Senén winginané, pitulas Agustus 2009 ésuk-ésuk tangi gasik, terus adus nyekel bendéra abang-putih, sing gudrah getih arep depasang, jebulé wis ora kongang ; atiné nlangsa, sedhih, perih ora téyéng ngormati Kemerdekaan Indonesia...

"Gendera sing gemiyen gudrah getih, dina kiyé gudrah luhé Nini Kasih."

Siki, merdéka wis wolung windu... Kasih, kembang désa wis dadi nini-nini kari ngenténi pati. Nini Kasih manggon umah madhep ngidul kulon kuburan kiblat papat, saka papat kabéh decagak kon madan jejeg. Perjuangane, uripé, mangané, ora nana sing weruh lan aruh-aruh.

"Kiyé jamané wis owah, apa awaké dhéwék sing salah (?)..."


*****

http://www.facebook.com/home.php?#!/note.php?note_id=416845822238&id=100000711235366&ref=mf

Tidak ada komentar:

Posting Komentar