Sabtu, 21 Agustus 2010

Asal Muasal Jeneng Dalan RAGASEMANGSANG lan Dalan PEKIH

Nang kota Purwokerto, ana 2 (loro) jeneng dalan sing lumayan ngetop, (angger asli wong Purwokerto lan sekitaré mesti akéh ngertiné), yaiku Jalan RAGASEMANGSANG lan Jalan PEKIH.

Jalan Ragasemangsang anané nang sisih wétané Kantor Pemda Kabupaten Banyumas, persisé nang kono ana Makam (dudu Tugu lho...).
Lha angger Jalan Pekih anané nang sisih kuloné Kantor Pemda Kabupaten Banyumas, yaiku dalan sing angger mlebu ngulon ana bakul bakso lumayan ngetop, yaiku bakso pekih.


Kayakiyé critané lur...

Konon, (hehehee..kaya iya-iyaha...) warga penduduk nang daerah kéné pada urip tentrem loh jinawi kerto raharjo, merga anané pimpinan Kiai sing mumpuni lan ngayomi pisan meng wargané, yaiku seorang Kiai Pekih. Kiai Pekih dudu mung pemimpin sing arif lan bijaksana, ning uga pinter lan nduwéni kasektén sing ora sembarangan, mula kuwé beliau banget2 disegani lan diurmati nang wargané.

Sawijining dina, kewibawaan Kiai Pekih pikoléh ujian. Daerah sing mauné aman lan tentrem, ujug-ujug 'gégér' ora kaya dina-dina biasané. Prasasat méh saben mbengi gégéran merga molaih akéh maling sing pegawéyané colong-jukut ora nembung. Malingé ya dudu maling sembarangan, malingé sekti! nganti warga sekitar kewalahan ora tau bisa nyekel. Anané kedadén sing kayakuwé, Kiai Pekih sing sekti mandraguna ora njur meneng, akhiré kudu mduhun ngrampungna masalah.

Kiai Pekih wengi-wengi metu dhéwékan ngubengi kampung (gemiyén égin kampung). Maling sing terkenal sekti akhiré bisa kecekel Kiai Pekih nang simpangan dalan. Malingé nglawan, Kiai Pekih karo maling kuwé mau pada adu kasektén... suwé banget golé pada adu kasektén, pada2 ngetokna kasekténé dhéwék2... merga Kiai Pekih lewih sekti, tur nang dalan sing bener, Maling kuwé diajar ngasi kontal adoh lan mati kemangsang nang sawijining wit. Maling sing mati akhiré ragané dikubur nang ngisoré wit kuwé mau.
Kedadéyan mbengi kuwé ramé dadi omongan warga, sing dadi tambah percaya lan ngormati marang pimpinané. Saiki wargané wis bisa bungah, merga kampungé aman lan tentrem kaya mauné.

Dalan panggonan kedadéyan kuwé mau dijenengi Jalan RAGASEMANGSANG (Raga=Badan, Semangsang=Tersangkut diatas).

Kuburané maling dijenengi Makam Ragasemangsang.

Panggonané Kiai Pekih dijenengi Dukuh Pekih, lan dalan sing ngliwati panggonané Kiai Pekih dijenengi Jalan Pekih.

Kiyé tek 'scan' sumberé, saka buku sing judulé: BANYUMAS WISATA DAN BUDAYA, karya: M. KODERI, cetakan 1991) tapi tek édit nganggo basa Banyumasan lan menyesuaikan perkembangan saiki :)


Maturnuwun...

*****

6 komentar:

  1. aku sing wong pekih bae ora pati genah kang !!!

    BalasHapus
  2. ya muga2 bar maca qy trus dadi genaéh mbok kang.. :)

    Kesuwun wis tilik lan awéh komentar

    BalasHapus
  3. Matur nuwun Kang, jebule kaya kuwe ta critane.....di tunggu critane bab prakerta sing liyane maning, ben lewih cinta kota prakerta

    BalasHapus
  4. woww...sejarahnya begitu ya... kira2 seminggu yg lalu abis kondangan ngliwati si ragasemangsang itu xixixiii

    BalasHapus
  5. Maturnuwun kang, yu, wis kersa mampir.. salam bregas-waras

    BalasHapus
  6. Maturnuwun kang lan mbakyu kanggo cerita ne kepriye carane langganan tabloit banyumasan via online . nuwun

    BalasHapus